Senin, 30 Agustus 2010

Sesorah utawa Pidhato Bahasa Jawa

A.    Tegese sesorah
Sesorah, pidhato utawa medhar sabda yaiku micara utawa nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah iku ngadhepi wong sing maneka warna, umpamane beda pangkat / kalungguhan, tataran ngelmu, umur lan sapiturute. Mula wong kang sesorah iku kudu ngerti bab wigati sing kudu digatekake supaya anggone sesorah bias kasil kaya sing dikarepake.
Miturut panemune wong sing nindakake, sesorah iku ora angel kajaba kudu ngerti bab wigatine sesorah, uga gelem gladhen utawa latihan, saengga anggone sesorah bias becik lan lancar.
B.     Ancase sesorah
Ancas utawa tujuan wong sesorah iku bias kapilah :
  1. Atur pambagya, yaiku sesorah kanga nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara supitan, tanggap warsa (ulang tahun) lan sapiturute
  2.  Atur kabar, pawarta utawa informasi. Informasi ing kene bias arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamirsa (pangrungu/pendengar). Bab sing kudu digatekake yaiku sing sesorah kudu bias medharake kanthi cetha/gambling perkara apa kang kudu dimangerteni dening wong akeh. Pamiarsa kang sadurunge ora ngerti babar pisan dadi ngerti/gambling informasi kang diwedharake. Umpamane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang lan sapiturute.
  3.  Aweh panglipur/hiburan (menghibur), Sesorah kanggo aweh panglipur iki kanthi ancas supaya sing mirengake bias seneng panggalihe, umpamane ing acara mantu, tanggap warsa lan sapiturute. Bias uga kanggo panglipur ing acara layatan supaya kulawarga sing lagi bela sungkawa/kasripahan bias nampa kanthi tabah lan eklas.
  4. Pangajak, sesorah ingkang sipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapilut/melu, katut, katarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake sing sesorah. Umpamane sesorah ing papan ibadah, sesorah ing babagan agama lan sapiturute.
C. Bab wigati nalika sesorah
            Supaya anggone sesorah bias kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake bab :
  1.  Basa
  • Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing disdhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.
  • Wong sing sesorah iku uga kudu ngerti kahanan, yen ing desa utawa kampong bias nggunakake basa krama kabeh, nanging yen ing kutha bias kacampur bahasa Indonesia laras karo sing mirengake.
  • Manut kanyatan ana ing adicara temanten, syukuran, supitan, tanggap warsa (ulang tahun), basa sing digunakake yaiku basa krama sing becik kacampuran basa rinengga supaya becik menawa dirungokake lan tandha kurmat marang tamu sing padha rawuh. Prayogane basa sing digunakake iku prasaja, ukarane ora ngambra-ambra lan wusanane penak dirungokake dening wong liya.
     2. Busana
  • Ajining raga saka busana. Menawa sesorah prayogane migunakake busana sing becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing padha mirengaken sesorah uga bias kanggo njagani lan ngajeni awake dhewe. Busana uga kalarasake karo kahanan lan tujuan.
     3.      Swara
  • Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget anggone ngucapake tetembungan sing cetha, ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong maca buku.
     4.      Solah bawa, patrap (sikap)
  • Solah bawane wong sesorah iku kudu manteb lan teteg madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.
D.  Urut-urutane sesorah
            Supaya anggone sesorah runtut prayogane nggatekake urut-urutane sesorah yaiku:
  1. Uluk salam/salam pambuka
  • Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun, kula nuwun, sugeng siang, sugeng ndalu utawa salam liyane.
     2. Purwaka
  • Isine puji syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu nindakake acara iku. Uga matur panuwun marang tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh ana ing acara iku.
    3. Isi / wigatining atur
  • Isine bab apa wae sing bakal diaturake, umpamane atur pambagya supitan, syukuran, wakil kulawarga ing adicara manten lan sapiturute.
   4.      Pangarep-arep
  • Isine bab sing disuwunake (diarep) sing kagungan kersa marang tamune, umpamane donga, pitutur lan sapiturute.
   5.      Panutup
  • Isine atur panuwun awit rawuhe para tamu lan nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa micara ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tumindak sing ora mranani penggalih. 
 Daftar pustaka
Jatirahayu, Warih,2005.Pinter Sesorah Tatakrama lan Racikan Tuladha Sesorah.Yogyakarta : CV. Grafika Indah